asal usul desa macanan (bahasa jawa)

01.03 Unknown 0 Comments


Asal usul desa Macanan
Biyen nang sakwijining wilayah ana gajah lan macan. Macan iki teka saka gunung lawu, macan iki teka menyang wilayah sing saiki disebut desa macanan. Awale daerah iki isih alas, daerah iki ana ing kecamatan kebakkramat. Kebakkramat ing kamus kebak kui artine full, yen kramat artine magic utawa angker. Dadine wilayah desa iki wes mlebu daerah sing angker. Wektu iku wilayah kebakkramat iseh akeh kewan” galak.
Awal mulane enek gajah karo macan ketemu. Gajah nesu amarga kaget nemoni macan sing mlebu nang wilayah kui gajah rumangsa yen daerah kui mau ndhuweke gajah. Banjur macan mau disaduk gajah, akhire macan kui mati. Mitose warga sekitar, ibuk’e macan lawu mau yen tanggal 1 suro lunga menyang daerah kuwi nggolek’i anake. Dadi yen bengi pas malem 1 suro warga ora oleh turu nang ngarep lawang omah, jarene yen turu nang ngarep lawang bakal diambu karo ibuk’e macan. Saka cerita kuwi daerah kasebut dijenengke  desa Macanan.

You Might Also Like

0 komentar: